Neng
daerah Karesidenan Banyumas sebelah lor, yakuwe Purbalingga. Ana legenda Putri
ayu limbasari asale sekang desa limbasari,ceritane jaman gemiyen neng daerah
kue ana wit – witan ,ya kue wit Klemba wujude wit kue cilik anane neng duwur
lan nempel maring wit gede.lan buaeh rasane legi .makane akeh wong sing mangan
buah kue dadi krasa legi anger mangan panganan liane juga legi rasa llegine
buah klemba.dadine daerah kue di jenengi desa Limbasari paduan antarane buah
Klemba lan sari.
Neng
desa limbasari ana keluarga cilik sing dueni keturunan Raden,keluarga kue due
anak wadon sing Ayu Rupane lan dueni sedulur lanang angkat.bocah wadon kue di
jenengi Sari. Seliane ayu Sari nduweni kepribadian sing mulia.
Kerjaane Sari saben dina dadi petani dadine kehidupane sederhana banget,lan
kabar Sari wonge ayu nyebar tekan ngendi – ngendi dadine akeh wong nom – nom
sing krungu lan teka nglamar Sari.Krungu sari akeh sing nglamar,sedulur lanang
angkat dadi cemburu lan jengkel.saking jengkele dulur lanang angkat sari ,sari
di kon aja nemoni wong sing arep nglamar sari.
Sikape
sedulur lanang angkate sari nggawe bingung sari lan akeh pitakonan ,apa sing di
karepna sedulur lanang angkat sari maring sari,ben dina akeh perubahan sikape
sedulur lanang sari maring Sari ana rasa tresna critane ,lah akhire si sari
tambah penasaran maring dulur lanang kue apamaning pas ana wong sing nglamar
sari deweke kesel lan jengkele keliwatan,akhire si sari sue – sue ngerti nek
dulur lanang angkate deweke seneng karo sari. Pas rama biyunge sari ora ning
ngumah ceritane sedulur lanange sari ngomong lan ngetokna isi atine sing
mbarang gemiyen di pendem, yakuwe rasa demen utawa tresna maring sari.Krungu
kaya kue,Sari langsung raine abang ireng lan pucet.
Apa
maning sedulur lanange ngancem angger sari nampa lamaran sekang wong lia jere
sari arep di pateni.langsung sari mlayu maring kamar njur nangis nggembor –
ngembor karo mikir apa ya arep nampa lamaran sekang wong lanang sing wis di
anggep adi lanange dhewek. Pas dina liane esuk – esuk sari nyeluk Rama Biyunge
sing lagi ning mburi umah,kebeneran dulur lanange pas ora ning ngumahterus sari
cerita karo Rama Biyunge masalah sedulur lanang mau seneng karo sari lan jere
arep ngancam mateni sari angger ora gelem nampa lamarane dulur lanang mau.
Mangkane
sari njaluk tulung karo wongtuane kon mateni sari ,sari nglakoni kaya kue
karena ora gelem nglarani ati adine maumergane ora nerima cintane adine.karuan
wong tuane sari kaget. Bar krungu kaya kue wong tuane sari setuju karo
penjaluke sari,karo atine melas lan ora tega karo sari wongtuane sari mau
ngubur sari urip – urip.sari ngomong karo wong tuane “ angger benang sing neng
duwur esih gerak – gerak kue berarti aku esih urip sebalike angger benang sing
neng duwur wis ora gerak berarti aku mati “ kue omongane sari.ngrungokna
omongane sari Rama Biyunge sari langsung nangis lan sedih.
Wis
pirang dina ora ketemu sari sedulur lanange sari panic lan bingung,mbatine
ngomong apa sari lunga ninggalna umah karo penasaran adi lanange sari takon
karo wong tuane sari.adi lanange sari ndesek takon lan maksa karo wong tuane
sari yen sebenere sari maring ngendi.
Ahire wongtuane sari
cerita kedadian mau masalah sari pas adine sari ora ning ngumah,ahire adine
sari merasa bersalah atas kedadian mau . Kaya kue cerita gadis ayu sing rela
korban deweke demi wong lia,lan kuburane sari siki esih ana ning desa limbasari
lan terjaga kantti apik. Makane nganti siki akeh gadis limbasari sing ayu – ayu
kanggo bukti nek ana ceritane PUTRI AYU LIMBASARI.

