Selasa, 02 Juni 2015

. LEGENDA PUTRI AYU LIMBASARI


Neng daerah Karesidenan Banyumas sebelah lor, yakuwe Purbalingga. Ana legenda Putri ayu limbasari asale sekang desa limbasari,ceritane jaman gemiyen neng daerah kue ana wit – witan ,ya kue wit Klemba wujude wit kue cilik anane neng duwur lan nempel maring wit gede.lan buaeh rasane legi .makane akeh wong sing mangan buah kue dadi krasa legi anger mangan panganan liane juga legi rasa llegine buah klemba.dadine daerah kue di jenengi desa Limbasari paduan antarane buah Klemba lan sari.
Neng desa limbasari ana keluarga cilik sing dueni keturunan Raden,keluarga kue due anak wadon sing Ayu Rupane lan dueni sedulur lanang angkat.bocah wadon kue di jenengi Sari. Seliane ayu Sari nduweni kepribadian sing mulia. Kerjaane Sari saben dina dadi petani dadine kehidupane sederhana banget,lan kabar Sari wonge ayu nyebar tekan ngendi – ngendi dadine akeh wong nom – nom sing krungu lan teka nglamar Sari.Krungu sari akeh sing nglamar,sedulur lanang angkat dadi cemburu lan jengkel.saking jengkele dulur lanang angkat sari ,sari di kon aja nemoni wong sing arep nglamar sari.
Sikape sedulur lanang angkate sari nggawe bingung sari lan akeh pitakonan ,apa sing di karepna sedulur lanang angkat sari maring sari,ben dina akeh perubahan sikape sedulur lanang sari maring Sari ana rasa tresna critane ,lah akhire si sari tambah penasaran maring dulur lanang kue apamaning pas ana wong sing nglamar sari deweke kesel lan jengkele keliwatan,akhire si sari sue – sue ngerti nek dulur lanang angkate deweke seneng karo sari. Pas rama biyunge sari ora ning ngumah ceritane sedulur lanange sari ngomong lan ngetokna isi atine sing mbarang gemiyen di pendem, yakuwe rasa demen utawa tresna maring sari.Krungu kaya kue,Sari langsung raine abang ireng lan pucet.
Apa maning sedulur lanange ngancem angger sari nampa lamaran sekang wong lia jere sari arep di pateni.langsung sari mlayu maring kamar njur nangis nggembor – ngembor karo mikir apa ya arep nampa lamaran sekang wong lanang sing wis di anggep adi lanange dhewek. Pas dina liane esuk – esuk sari nyeluk Rama Biyunge sing lagi ning mburi umah,kebeneran dulur lanange pas ora ning ngumahterus sari cerita karo Rama Biyunge masalah sedulur lanang mau seneng karo sari lan jere arep ngancam mateni sari angger ora gelem nampa lamarane dulur lanang mau.
Mangkane sari njaluk tulung karo wongtuane kon mateni sari ,sari nglakoni kaya kue karena ora gelem nglarani ati adine maumergane ora nerima cintane adine.karuan wong tuane sari kaget. Bar krungu kaya kue wong tuane sari setuju karo penjaluke sari,karo atine melas lan ora tega karo sari wongtuane sari mau ngubur sari urip – urip.sari ngomong karo wong tuane “ angger benang sing neng duwur esih gerak – gerak kue berarti aku esih urip sebalike angger benang sing neng duwur wis ora gerak berarti aku mati “ kue omongane sari.ngrungokna omongane sari Rama Biyunge sari langsung nangis lan sedih.
Wis pirang dina ora ketemu sari sedulur lanange sari panic lan bingung,mbatine ngomong apa sari lunga ninggalna umah karo penasaran adi lanange sari takon karo wong tuane sari.adi lanange sari ndesek takon lan maksa karo wong tuane sari yen sebenere sari maring ngendi.
Ahire wongtuane sari cerita kedadian mau masalah sari pas adine sari ora ning ngumah,ahire adine sari merasa bersalah atas kedadian mau . Kaya kue cerita gadis ayu sing rela korban deweke demi wong lia,lan kuburane sari siki esih ana ning desa limbasari lan terjaga kantti apik. Makane nganti siki akeh gadis limbasari sing ayu – ayu kanggo bukti nek ana ceritane PUTRI AYU LIMBASARI.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar